PITUTUR JOWO MUHASABAH (Introspeksi Diri)


PITUTUR JOWO
MUHASABAH (Introspeksi Diri)


Jenenge wae wong lanang...
Weruh sing gincu abang klambine abang...mripate melu mbranang...
Wis nduwe widodari ning omah...isih wae rumangsa kurang...
Jare ning omah kepala keluarga...yen ning dalan ngaku bujang...
Pingine nduwe sisihan pirang-pirang...
Dijejer rapi koyo jejerane wayang...
Ujare sanggup mblanjani...ora ketang dhuwit olehe ngutang...
Golek bandha nggrangsang...
Dhuwit kasile korupsi...jarene rejeki padhang...
Dipamerke kancane yen bisa tuku Fotuner abang...regane larang...
Sing wegah kerja ya ono...anane ning omah mung ongkang-ongkang...
Kerjane mung ngrajut mimpi ing dino awan padhang jingglang...
Ngibadahe arang-arang...
Ngaji ya ora gelem tandang...
Panganggone klambi rega larang-larang...
Ning karo bojo ora sayang...
Bojone mung dinggoni daster wae wis lawas suwek werna biru...jaitane nganggo benang abang...
Jenenge wae wong lanang...
Ora bali sedino...bojone meriang...
Meriang...MERIndukan dhuwit sing wernane abANG...
Nganti ora bisa turu merga kebayang-bayang...
Ngono kuwi wong lanang...
Arepo dibenci...ning panggah wae disayang...



Karya John Ady Susilo Tenaga Pendidik SDN4 Bayung Lencir


0 Responses So Far: